Contoh Sesorah (pidato) Persuasi

  • Sesorah 1
    • Assalammualaikum Wr Wb


      Bapak Lurah Purwoyoso Ingkang kinurmatan
      Para tamu undangan ingkang kula urmati
      Para pemudha-pemudhi tunas bangsa ingkang kula tresnani
      Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun madeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan narkoba. Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokan kaliyan prekawis narkoba kanthi sesirah: “Bebayanipun Narkoba Tumrap Para Mudha”.
      Minangka purwakaning andharan sumangga kula lan panjenengan sadaya ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula kita sadaya. Sahingga kanthi kanugrahan Gusti kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya saged kempal ing papan punika kanthi sehat wal’afiat.


      Sampun kasub bilih Indonesia menika negari ingkang nggadhahi SDM melimpah ingkang paling utama inggih menika para pemudha-pemudhi. Para pemudha niki bilih mbenjang tiyang ingkang bakal nerusaken cita-cita bangsa. Mula sak niki Indonesia digunakake kangge nagri transaksi Narkoba lan jenise. Sampun wonten atusan malahan jutaan kasus narkoba ingkang kecathet kaliyan BNN ingkang ndadikke Indonesia Nagri ngonsumsi Narkoba paling kathah nomer tiga sak penjuru jagad niki. Ingkang paling kathah yaiku dialami kaliyan para pemudha broken home.
      Kenging menapa babagan narkoba menika saged ngrembaka?
      Inggih amargi, para mudha samenika menawi sampun rena dhateng samubarang ingkang nuwuhaken raos sekeca lajeng awrat menawi nilaraken. Kawiwitan saking pepenginan kagem nyobi, kasambet faktor kanca ingkang asring migunakaken satemah ndadosaken para mudha langkung celak kaliyan narkoba. Prelu dipunmangertosi dening sinten kemawon mliginipun dhateng para mudha minangka agul-aguling bangsa, bilih kanthi migunakaken narkoba menika ateges nyelaki dhateng kasangsaran saha kacilakan, kadosta sumbering sesakit fisik saha mental, satemah nuwuhaken bebaya pati.
      Para rawuh ingkang tansah winantu suka basuki,
      Lajeng kadospundi pambudidayanipun para mudha brastha bebaya narkoba minangka punjering kasangsaran saha kacilakan? Kaping pisan inggih menika niyat ingkang saestu temen badhe nebihaken saking narkoba kanthi migunakaken wekdal saha kasagedan kangge nindakaken bab-bab ingkang positif tuladhanipun mlebet ing klub-klub olah raga, seni, saha nengenaken prestasi. Ingkang baku kedah ngatos-atos ing pasrawungan. Kanca ingkang sae menika kanca ingkang saged nuntun saha mbabar kawruh dhateng kasaenan, sanes tiyang ingkang asring ngajab dhateng tindak angkara satemah namung badhe ngrisak saha nebihaken ing pangangkah becik.
      Ingkang kaping kalih, kanthi sengkut gumregut tembayatan kaliyan masyarakat, aparat, saha badan-badan LSM brastha bebaya ngrembakaning saha mekaripun narkoba ingkang saestu saged ngrisak moral saha pranatan negari. Boten saged dipungambaraken menawi sadaya para mudha samenika kenging pangaribawaning narkoba. Sinten samangke ingkang badhe nglajengaken lampahing pamarintahan ing negari Indonesia menika menawi para mudha samya risak moralipun?
      Ingkang pungkasan inggih menika kanthi jejeging iman, eling lan waspada adhedhasar agama, sumangga sami gumregah nebihaken saha brastha narkoba ing pangajab para mudha saha negari Indonesia saged uwal saking bebenduning angkara.
      Nuwun, Wassalammualaikum Wr Wb



  • Sesorah 2
    Pidato Persuasi yaiku pidato ingkang gadahi maksud ajakan utawa pangajak dhateng pamiyarsa.
    Tuladhane yaiku :
    • Assalamualaikum Wr Wb

      Nuwun, dumateng kepala sekolah SMA 6 ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning kautaman
      Bapak dalah ibu guru ingkang satuhu kinurmatan
      Saha siswa-siswi, kadang werda tumaruna ingkang satuhu bagya mulya

      Rahmating Gusti ingkang murbeing dumadi mugi tansah tumedak saha tumanduk wonten ing sarira panjenegan sedaya
      Kaparenga matur, anggen kawula kumawantun cumantaka wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, kinen saperlu bade kawula aturaken kasuwun dumateng para siswa-siswi SMA 6 kanti renaning penggalih nderek hanyengkuyung bab reresik wonten ing sakupengan sekolahan kita.Supados ndadosaken kahanan ingkang sehat, endah, edipeni, amrih nentremaken anggen kita sami ngangsu kaweruh wonten ing mriki
      Pramila sumangga smiha tansa nguri-nguri bab budaya reresik menika sageda hangrembaka ngantos dumugi generasi saklajengipun

      Mekaten atur kawulo, hambokbilih anggen kawula matur kathah thithaling saha kuciwaning basa, hanamung saged matur tedhak siti baga binuntel raning kalapa, apuranta sedaya kelepatan kawula, nuwun

      Wassalamualaikum wr wb

  • Sesorah 3
  • Sesorah 4

Belum ada Komentar untuk "Contoh Sesorah (pidato) Persuasi"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel