Contoh Surat Bahasa Jawa Untuk Orang Tua

Layang 1 : 

Surabaya, 1 April 2013
Katur dhumateng
Bapak saha Ibu
ing ndalem

Sembah pangabekti,

Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula ing Surabaya tansah pinaringan rahayu wilujeng ing pangamoyaning Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang dalem suwun, mugi-mugi kawontenan Bapak dalah Ibu saha kulawarga ing Pacitan ugi mekatana.

Kajawi ingkang ing nginggil, keng putra ngaturi uninga bilih benjing wekdal liburan semester gasal ing wulan Januari keng putra wonten kegiyatan Study Tour dhateng Pulo Bali. Pramila saking punika keng putra nyuwun kintunan arta kangge mbayar kekirangan tabungan tour lan kangge sangu ingkang cacahanipum Rp 400.000,00. Wondene tampi rapot benjing tanggal April 2013.

Menawi wonten kalodhangan wekdal keparenga Bapak/Ibu tindak Surabaya mendhet rapot ing sekolahan. Menawi Bapak utawi Ibu repot dipunpendhet Pakdhe boten menapa. Keng putra wangsul dhateng Pacitan, benjing sasampunipun Study Tour dhateng Pulo Bali antawis tanggal 21 April 2013.

Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkunging atur, keng putra nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Keng putra tuhu tresna

Natasha Maulidha Sukendro




Layang 2 :


Jakarta,12 Maret 2014
Kagem Bapak lan Ibu
Wonten ing dalem Solo

Assalamualaikum Wr.Wb
            Kados pundi kahanaipun Bapak lan Ibu?Mungi-mugi Allah SWT tansah maringi kanugrahan lan kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu.Alhamdulillah dalem lan putra mantu tansah bagas baras

            Bapak lan Ibu ingkang satuhu kulo bekteni,kenan thenan,serat menika,kula badhe matur bilih dalem Insya Allah badhe wangsul dhateng Solo benjang sasi Agustus kinepatan sasi riyaya Idul Fitri.Nyuwun pangapunten mugi-mugi sedoyo dipunparing lancar sahinggo mboten wonten tambahan tugas kuliah ingkang kedaleman rampungaken

            Mbok bilih wonten upakarti utowo oleh-oleh ingkang dipunkersaaken saking Jakarta,sumonggo dalem aturi telepon dalem.Insya Allah saged dalem padosaken dalem mriki.

            Dalem kinten cekap semanten rumiyin saking ingkang putri.
Wassalamualaikum Wr.Wb



Layang Liyane :

Belum ada Komentar untuk "Contoh Surat Bahasa Jawa Untuk Orang Tua"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel