Contoh Layang Pribadi Krama Alus Kanggo Simbah / Eyang / Mbah

Surabaya, 12 November 2016
Katur ingkang kinurmatan
Eyang ing dalem

Kairing  sagunging pakurmatan,
            Kanthi serat punika, kula aturaken kabar bilih kula, bapak saha ibu ing Solo tasih pinaringan kawarasan. Mugi-mugi eyang ing ngriki tansah bagas waras boten kirang satunggal menapa lan tansah pinayungan dening Gusthi Ingkang Maha Agung.
            Eyang ingkang kawula tansah tresnani, menawa kepareng matur, sakderengipun keng wayah nyuwun pangapunten bilih rumiyin menawi libur semester badhe sowan ing dalemipun eyang. Amargi ing liburan menika wonten jejibahan ing sekolah ingkang awujud paskibraka, dalem boten saged sowan wonten dalemipun eyang, menawi saged, sanes wedal mawon, saestu kula badhe nyelakaken wekdal. Nanging panyuwun kula, mugi-mugi kula tansah manggih kawarasan, saged ngramungaken sedaya jejibahan kula ing pawiyatan. Boten kesupen sungkem kula katur paklik lan bulik.
            Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kekirangan anggen kula matur keng wayah nyuwun pangapunten.
Matur nuwun.

                                                                                    Sungkem saking wayah


                                                                                    Joko Prabowo




Belum ada Komentar untuk "Contoh Layang Pribadi Krama Alus Kanggo Simbah / Eyang / Mbah"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel